Dongeng Atau Cerita Manuk Gagak Nganggo Elaring Merak Dalam Bahasa Jawa

Ana manuk gagak, bodho nanging ambeg semangkeyan. Ing sawijining dina manganggo semuwa, dene kang dianggo , bodholane elaring merak, olehe nemu. Mungguh ambeg sumangkeyan iku terkadhang bisa mbawurake pandeleng. Gagak mau banjur malendhungake gulune, isin kekumpulan karo panunggalane kang padha ireng, nggoleki merak kang bagus ing rupa.
Ananging luput pangarep-arepe , awit sakehing merak anampik. Bebodholan elar kang dianggo mau banjur padha didhedheli , sarta kang nganggo ditundhung tumuli. Bareng wus didhedheli tuwin dierang-erang , anuli ngungsi ing panunggalane, kang maune cinela-cela. Ananging padha nyingkang-nyingkang , calathune : “Lungaa kowe, kang ambeg sumangkeyan , lungaa, ora patut merak nunggal gagak. Sakehing gagak iku bangsa linuwih asor,. Sarehning disingkang-singkang kanthi pangundhat-undhat , sarta panunggalane ora ana kang melasi, banjur misah karo kang akeh-akeh, wasana mati ngenes.
Liding dongeng mangkene : “ Wong kang gelem kekumpulan karo para gedhe, amarga kalimput ing raja brana lan kamulyan, iku awekasan asring disawiyah wiyah dening para gedhe mau sarta ora diajeni ing pepadhane.

Tegese tembung :
ambeg = nduweni watak
semangkeyan = umuk, ngunggul-unggulake kaluhurane (kaluwihane), sombong.
semuwa = ngengreng, kton sarwa becik
disamuwakake = diramekake.
pasamuwan = karamean ing pista.
ditundhung = dikon lunga
tumuli = nuli, banjur
tuwin = sarta, lan
dierang-erang = dicacad, dipaido.
ngungsi = lunga nyingkiri bebaya, banjir lsp.
cinela-cela = dicacad, diceda, diwada.
nyingkang-nyingkang = disiya-siya, ditundhung-tundhung
pangundhat-undhat = diundhamana kaluputane kang uwis.
mati ngenes = mati krana susah atine.
kalimput = kaling-kalingan, katutup ing
raja brana = donya arupa mas, picis, inten, barleyan, mutyara
disawiyah = disiya-siya, disepelekake banget.
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/manuk-gagak-nganggo-elaring-merak.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Java mp3

Java mp3
Download mp3 Kebudayaan Jawa