Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Ora Tau Mulih

Dek biyen mulo pancen aku sing disayang,
Ra bakal luntur tresnamu ra bakal ilang
Nyatane saiki wis bedo,
Atiku mung digawe gelo

Dek biyen mulo aku uwis nate kondo,
Nadyan toh seneng, mbokyo eling keluargo
Ra nggugu nesu malah ngalih,
Nganti seprene ora mulih

Ra tau mulih, saiki ra tau mulih
Opo wis lali, ning saban wis oleh ganti
Ra tau mulih, saiki ra tau mulih
Opo wis tego, saiki ra gelem kondo

Rino lan wengi, nggonku sabar angenteni
Enggal lalileh, gelem bali gelem mulih
Tak tunggu, ojo gampang nesu
Aku isih tresno sliramu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Java mp3

Java mp3
Download mp3 Kebudayaan Jawa