Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Ronggolawe Gugur



Ono crito, dek semono
Ronggolawe dadi satriane projo
Ing kraton gede kawibawane
Mojopahit nyoto jembar wewengkone

Ronggolawe, ra nrimakne
Yen to nambi, diangkat patih drajate
Winisudo, patih mangkubumi
Mergo durung suwe labuh ing negari

Ronggolawe, banjur kebranang atine
Koyo kobong, koyo bengkaho dadane
Ronggolawe, rumongso dikiwakake
Nambi dadi patih, ora sak mestine

Ronggolawe, nantang perang
Diladeni, senopati kebo nabrang
Ora ngiro, po wis titi mongso
Ronggolawe gugur jroning madyo logo

Ronggolawe, banjur kebranang atine
Koyo kobong, koyo bengkaho dadane
Ronggolawe, rumongso dikiwakake
Nambi dadi patih, ora sak mestine

Ronggolawe, nantang perang
Diladeni, senopati kebo nabrang
Ora ngiro, po wis titi mongso
Ronggolawe gugur jroning madyo logo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Java mp3

Java mp3
Download mp3 Kebudayaan Jawa