Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Numpak Sepur Soko Sragen Menyang Madiun


Sak suwene ndweni pengalaman numpak sepur, Mas Agung dadi nduweni ide kanggo gawe ukoro bethek'an marang kancane, salah sijine yoiku Tri Goro, dhasare pawongane senengane yen dijak omong bab persepuran.





Mas Agung : Lek, kowe numpak sepur wis ping piro?
Tri Goro      : Mboh, wis ra ketung,...karone ono opo to?
Mas Agung : Berarti nduweni pengalaman akeh sak jroning numpak sepur?
Tri Goro      : Yo mesthine...
Mas Agung : Iki ono bethek'an bab persepuran, piye wani?
Tri Goro      : Nak ono katane Bethek'an, mertandhakno jawabane ora sing sak mesthine?
Mas Agung  : Ya iya lah...
Tri Goro      : Okey....!!!
Mas Agung  : Nak kowe ngepasi numpak sepur, tau ngonangi opo ora, stasiun sing jenenge ora wutuh?
Tri Goro     : Stasiun kok jenegane ora wutuh, tugel maksudmu?mokal ono...
Mas Agung : E...jenengane ae bethek'an, Lek?
Tri Goro     : Wah...ketone aku durung tau tumon.
Mas Agung : Hare wis ra ketung anggonmu numpak sepur?
Tri Goro     : Iyo ncene...
Mas Agung : Lha iyo rek...
Tri Goro      : Tapi nak stasiun koyok ngono kuwi mau durung tau ngliwati
Mas Agung  : Pikiren dhisik, wis tau rung?
Tri Goro      : Ah mboh rung tau, ra ngerti...
Mas Agung  : Yo wis, sesok kowe melu aku ...
Tri Goro      : Ning ndi?
Mas Agung  : Sragen
Tri Goro      : Lah pow ma?
Mas Agung : Numpak sepur to yo..
Tri Goro     : Terus?
Mas Agung : Soko Sragen lagi menyang numpak sepur arah jurusan Madiun
Tri Goro     : Madiun....meh dolan gone sopo to?
Mas Agung : E.. bocah iki durung mudheng - mudheng tibak'e
Tri Goro     :   ?
Mas Agung : Nek soko Sragen menyang Madiun rak yo ngliwati Stasiun Paron to, Lek. iyo ra?Yo kuwi sing diarani stasiun ora wutuh mung separo.
Tri Goro  : O...
Mas Agung : a o a o, wis tau durung?
Tri Goro      : He he, durung tau...
Mas Agung : Layak, ra iso...wah nk ngene ki dadine yo ora bethek'an meneh no, ora lucu meneh no!!!
Tri Goro     : Ha ha ha...
Mas Agung : Yo ws, sesok tetep dolan ning Madiun, kowe mben reti, Lek
Tri Goro     : Lha sangune tuku karcis?
Mas Agung : Yo kowe to sing mbayari, salahe ora iso njawab!
Tri Goro     : Gah men...
Mas Agung : Ha ha ha...!!!



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Java mp3

Java mp3
Download mp3 Kebudayaan Jawa