Lirik Lagu Campursari Gendhing Dan Tayub Rondho Ndugal

Rondo kembang, pancen gawe guncang
Joko dudo, akeh sing kebimbang
Trus gentenan, sing ngajak pacaran
Layang branti, trus gilir gumanti

Rondo anyar, atine kumesar
Joko dudo, lang sing keluargo
Ora mikir, watone mung ngesir
Ing mburine, ra wruh akibate

Ooh kae rondo ayu,
Ayo dolan karo aku
Podo ijen, dolan menyang prigen
Nyawang kewan lagi andhum katresnan

Ooh kae rondo anyar,
Ayo gonceng ora usah mbayar
Pancen lali sajak ra perduli
Yen ing ngomah, anak bojo ngenteni

Rondo sugih, nafsune sumingsih
Puji dikir, iku sing dipilih
Nadyan akeh sing ngajak karonsih
Rondo sugih, pikire ra ngalih

Rondo judhas, sidang ping wolulas
Bareng bebas, eling konco lawas
Njaluk nyuworo, kok yo isih bantas,
Yo wis laras, lungguhe rung bregas

Ooh rondo etan kali,
Njajal, langgam ali-ali
Pamit mulih nylonong nyidam sari
Caping gunung, wekasane palupi

Ooh nanggor rondho dhugal
Dolan reko nganggo suwal
Yen sing seneng, nyanjung lan berkhayal
Yen sing sengit, kudu kepingin ngebal

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Java mp3

Java mp3
Download mp3 Kebudayaan Jawa