Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Gedhene Podho Gajah


     Wis suwe Mas Agung ora dolanan bethek'an meneh karo Tri Goro, mergo sibuk saiki nduwe usaha buka warung makan.Sak wijining dino, dilegakake dolan menyang omahe Tri Goro.Sak perlu arep ngajak dolanan bethek'an meneh.

Mas Agung : Kangen, Lek Gor suwe ora dolanan bethek'an...
Tri Goro     : opo meneh, ws rek ndang, siap aku...!!!
Mas Agung : hehe,...Gedhene podho gajah, mlakune yo bareng gajah, ning ora nduweni bobot koyok gajah, njal opo hayo ?
Tri Goro     : Yo Bledug to yo, anak gajah kuwi...
Mas Agung : Opo tumon kowe ngerti bledug gedhene madhani mbok'ane
Tri Goro     : iyo..yo...
Mas Agung : iso ra,..?
Tri Goro     : hemmmm....sik go, opo yo....?
Mas Agung : Lah hem, kesuwen....
Tri Goro    : ws nyerah aku, opo njal?
Mas Agung : jawabane sing bener Ayang ayang Gajah,hahaha...
Tri Goro     : ????!!!!
Mas Agung : ajeg, senenganmu tanda tanya karo tanda penthung terus,hihi..
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Java mp3

Java mp3
Download mp3 Kebudayaan Jawa