Cerita Lucu Dalam Bahasa Jawa : Dino Jum'at Lan Kemis



     Mas Agung karo Tri Goro goncengan numpak montor mulih dolan, mampir menyang warunge Gogon Joss.Sak perlu ngaso sinambi pesen es teh manis.Karo udud kebal kebul, crito ngalor ngidul.Wusanane dolanan bethek'an meneh.

Gogon Joss : opo ora ono liyo to sk liyane bethek'an?
Tri Goro     : bosen, Lek timbangane Facebookan terus...
Mas Agung : Gilirane sopo ki?
Tri Goro     : Kowe yo keno, sing mbethek'i meneh...
Gogon Joss : Yoh kono tak melu mbethek aku njal.
Mas Agung : Jum'at iku tibone rak sak bare kemis to.Lha iku ono jum'at sing tibone sak durunge kemis
Tri Goro : Terus!
Mas Agung  : lha iyo, ono ning ngendi iku tibane jum'at sing sak durunge kemis?
Gogon Joss : ahhh, nganeh aneh...yo ra mokal,..ra ono kuwi!
Tri Goro     : Mboh wi, mbok sing logis ngono lho
Mas Agung : Namanya juga bthek'an,Brow....
Gogon Joss : sik tak mikir
Tri Goro      : Dino kok kewolak walik, ra ono ra ono...
Mas Agung : Piye...?
Gogon Joss : Mboh lah, ra ketemu
Mas Agung : Gimana, Mas Brow sudah ketemu jawabannya?( nakoni Tri Goro )
Tri Goro     : Idhem Gogon, ra ngerti aku...
Gogon Joss : ra ngerti kok ndadak melu melu idhem barang
Mas Agung : Hahaha....wis, nyerah ki?
Gogon Joss : opo ws njal?
Tri Goro     : tibone ning ngendi iku, Lek jum'ate?ning ngisor kreteg yo?
Mas Agung : Nak kulino mbuka kamus, mesthi ngerti  tibone dhisik jum'at, bar kuwi lagi kemis
Tri Goro     : Lho piye to, kok malah tekan kamus barang ki....malah dadi bingung aku!
Gogon Joss : O, ....yo mesthi ae dhisik jum'at
Tri Goro     ; O opo, Lek  koyok ngerti ngertio?
Gogon Joss ; paling mbiyen pas pelajaran kuwi kowe ora mbuka kamus mesthi, dadine yo bingung
Mas Agung : Huahahah, wkkkkkk....
Tri Goro      : Jiaaaah, asemi....malah diguyu!
Mas Agung : Ning ndi ndi, ora ning kamus thok, huruf abjad J ki mesthi tibone dhisik tinimbang huruf K, kejobo olehe nulis njarak diwalik....piye. sopo sing muni ra ono mau?
Gogon Joss : Hehe...

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Java mp3

Java mp3
Download mp3 Kebudayaan Jawa